Dhawet ayu Banjarnegara yaiku inuman kang isine cendhol werna ijo, juruh, lan santen. Rasane seger lan

kali ini kita akan membahas soal berikut nya…

Dhawet Ayu

Dhawet ayu Banjarnegara yaiku inuman kang isine cendhol werna ijo, juruh, lan santen. Rasane seger lan legi. Wong Banjar menawa gawe cendhol nganggo pati anggik. Pati kasebut dijur nganggo wedang panas kang wis diwenehi godhong suji utawa pandhan saengga wernane ijo. Menawa wis dijur karo banyu, banjur diselehake ing cithakan cendhol dhawet, banjur dipenyet-penyet nganggo enthong saengga adonan cendhol padha metu saka cithakan cendhol. Ing sangisore cithakan ana banyu kang diwadhahi ing baskom, isine banyu adhem kanggo nampani cendhol kang dipenyet-penyet mau. 

Cendhol dhawet sing wis dadi awujud bunder dawa wernane ijo. Banjur anggone ngombe kanthi dicampur karo es batu, santen, uga juruh. Juruh ing Banjarnegara biyasane dicampur duren utawane nangka diiris cilik cilik saengga ambune juruh tansaya seger. Wiwitane cendhol dicampur karo santen kang wis dicampuri es batu , diwadhahake ing gelas banjur dhuwure diwenehi juruh. Ing Banjarnegara akeh wong kang dodolan dhawet kang enak rasane iki, kaya ing prapatan Wonodadi, kulon alun-alun Banjarnegara  wetan alun-alun Banjarnegara, lan panggonan panggonan liyane.

1.     Wacan dheskripsi kasebut ngandhut informasi ing ngisor iki, kajaba ….

     A.   wujude dhawet ayu

     B.    carane gawe dhawet ayu

     C.    wernane cendhol dhawet ayu

     D.   sujarahe dhawet ayu

     E.    rasane dhawet ayu

Wangsulan:

Wacan dheskripsi kasebut ngandhut informasi:

  1. wujude dhawet ayu
  2. carane gawe dhawet ayu
  3. wernane cendhol dhawet ayu
  4. rasane dhawet ayu

Jawaban : D

2.     Cendhol dhawet ayu bisa awarna ijo amarga ….

     A.   diwenehi gula jawa

     B.    diwenehi godhong suji

     C.    digodhog kanthi suwe

     D.   dijur nganggo wedang panas

     E.    diwenehi pewarna panganan

Wangsulan:

Cendhol dhawet ayu bisa awarna ijo amarga diwenehi godhong suji.

Jawaban : B

—————-#—————-

Jangan lupa komentar & sarannya

Kunjungi terus: mastah.my.id OK! 😁

[ad_2]

About king

Check Also

Berikut merupakan salah satu hal yang harus diwujudkan sebagai upaya menangkal pengaruh buruk

kali ini kita akan membahas soal berikut nya… Berikut merupakan salah satu hal yang harus …