Pitutur luhur kang ana ing rong puluh aksara Jawa yaiku:

kali ini kita akan membahas soal berikut nya…

Pitutur luhur kang ana ing rong puluh aksara Jawa yaiku:

Tegese ana utusan Pangeran Kang Mahakuwasa menawa manungsa ana ing donya kudu nindakake prentah lan ngedohi piwaler kang wis dituduhake lumantar kitab suci agama kang dianut. Menawa manungsa ora nindakake bakal ana kedadean (ha – na – ca – ra – ka), ora sampurna uripe.

Amarga manungsa diparingi Gusti kasampurnan ketimbang makluk liyane, mula ora bisa suwala (da – ta – sa – wa – la) saka prentah-prentah kang wis diparingake Allah. Mula, urip kudu eling lan waspada, aja nganti tumindak ala utawa maksiyat. Mula, kudu bisa nahan hawa nepsu.

Manungsa minangka makluk Allah kang pinunjul kudu bisa nyawijokake antarane tata lair lan tata batin, antarane nepsu kang ala lan nepsu kang becik amarga kekarone padha dene kuwate (pa – dha – ja – ya – nya). Mula, menawa ora bisa ngendhalekake nepsu kang ala, bakal dadi cilaka.

Kabeh makluk ciptaane Allah ora langgeng, kabeh bakal mati utawa dadi bathang (ma – ga – ba – tha – nga). Mula; sadurunge kabeh mau kedadea , manungsa kudu bisa nyawisake dhiri supaya sampurna lair lan batine. Iku mau bisa kalaksanan kanthi cara nindakake laku kang wis diprentahake Allah lan ngedohi larangan-larangan kang wis diprentahake uga lumantar para rasul 

—————-#—————-

Jangan lupa komentar & sarannya

Kunjungi terus: mastah.my.id OK! 😁

[ad_2]

About king

Check Also

Berikut merupakan salah satu hal yang harus diwujudkan sebagai upaya menangkal pengaruh buruk

kali ini kita akan membahas soal berikut nya… Berikut merupakan salah satu hal yang harus …