Kesenian Karawitan Tembung karawitan asale saka tembung “rawit” kang ateges tliti, alus, luwes

Posted on

kali ini kita akan membahas soal berikut nya…

Kesenian Karawitan

Tembung karawitan asale saka tembung “rawit” kang ateges tliti, alus, luwes, lan endah. Karawitan nduweni surasa yaiku alus utawa endahing rasa sajroning pagelaran gamelan. Gamelan minangka saperangan instrumen/piranti kang kamot ing seni karawitan. Para pujangga kang ngrakit gamelan ora mung sakepenake anggone gawe nanging duwe karep kang luhur. Para leluhur ngrakit gamelan supaya kepenak dirungokake mula kanthi nggatekake larase. Imbanging laras ing gamelan nuduhake menawa pujangga bisa ngatur rasa lan tumindak kanthi laras lan runtut.

Bisa njaga cipta, rasa, karsa, lan tumindak. Sakabehing karep kasebut bisa ditonton saka kesenian karawitan. Nalika karawitan sanajan piranti kang ditabuh iku beda-beda nanging anggone nabuh ora sakepenake dhewe, manut marang kang ngatur irama, swasana gendhing, sarta nulad lan nggatekake piranti gamelan liyane. Bab iki nuduhake gamelan nalika ditabuh ora kena dhisik-dhisikan lan pengin menang dhewe. Ya mengkono nulad saka kesenian karawitan kang bisa minangka dhasar mujudake karakter generasi panerus bangsa.

1.     Apa surasane karawitan iku?

      Wangsulan:

      Karawitan nduweni surasa yaiku alus utawa endahing rasa sajroning pagelaran gamelan.

2.     Kepiye carane nabuh gamelan sing bener ?

      Wangsulan:

     Nabuh kanthi manut kang ngatur irama, swasana gendhing, sarta nulad lan nggatekake piranti gamelan liyane.

[ad_2]

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *