ulisen wacan ing ngisor iki nganggo aksara Jawa! Raden Gathutkaca

kali ini kita akan membahas soal berikut nya…

Tulisen wacan ing ngisor iki nganggo aksara Jawa!

Raden Gathutkaca

Raden Gathutkaca minangka satriya kang awewatak wani, prakosa, lan waspada. Nalika isih bayi, ora ana senjata kang tumama nigas pusere. Akire pusere Raden Gathutkaca bisa katigas dening senjata Kunta duweke Prabu Karna, ananging sarunge senjata mau lumebu ing anggane Raden Gathutkaca saengga bisa tambah daya kasektene.

Raden Gathutkaca uga kasebut Kacanegara, Tetuka, Krincing Wesi, lan Arimblatmaja, Raden Gathutkaca nalika lair wis digulawenthah dening dewa. Nalika cilik nate dicemplungake ing Kawah Candradimuka. Dheweke uga dadi senapatine dewa nyirnakake reratuning kahyangan, raja buta aran Patih Sekipu.

Raden Gathutkaca putrane Raden Werkudara lan Dewi Arimbi. Kasatriyane ing Pringgodani lan garwane Pregiwa, putra Madukara. Dheweke kagungan aji-aji kang aran aji Narantaka lan aji Brajamusti. Raden Gathutkaca kagungan aji-aji pinaringane dewa yaiku Caping Basunanda. 

Sanajan sekti, nanging tetep bekti marang wong tuwa lan tansah setya ngrungkepi bumi pertiwi. Raden Gathutkaca uga ora miwiti dredah karo sedulur-sedulure, dheweke tansah njaga kabeh kadange kanthi rasa tresna saengga ora luput menawa Gathutkaca didadekake satriya kang pinunjul lan patut dituladhani dening bocah enom jaman saiki .

Wangsulan:


—————-#—————-

Jangan lupa komentar & sarannya

Kunjungi terus: mastah.my.id OK! 😁

[ad_2]

About king

Check Also

Berikut merupakan salah satu hal yang harus diwujudkan sebagai upaya menangkal pengaruh buruk

kali ini kita akan membahas soal berikut nya… Berikut merupakan salah satu hal yang harus …